KALAM HIKMAH
"Ngger iki Jagad taline wis pedot.
Iki wayah kucing do kerah. Rerebutan balung.
Yen pengen Selamet. Mulo sing akeh te'e ndungo, ben tentrem Dunyone.
Syarate GULO KLOPO JANUR KUNING."
_____
Maknane kurang lebih:
Wong sak niki, tepo slero wis ora ono.
Konco (sejati) wis logko.
Konco iku ngancani dewe nak nembe apes.
Jaman sak niki, sambung rakete ati meh ora ono.
Saiki konco sesuk musuhan.
Saiki musuhan sesuk kancanan.
Mulo ngakeh'ke anggene dungo, dungo kalih Pengeran. Utamane sholawat dateng kanjeng Nabi.
Syarate GULO KLOPO JANUR KUNING.
Gulo klopo niku.
Nduwe urat sing manis. Lego karo sopo wae. Rak usah mikir pie wong iku, sing penting niti awak'e dewe jejeg teteg nggondeli Allah Ta'ala.
Janur kuning niku.
Ojo gampang muring-muring.
Ati sing memes koyo Janur. Ojo kaku koyo watu senajan nompo perkoro sing ora enak ning Ati.
(KH. Munif Zuhri, Girikesumo, Mranggen)
Label: Dawuh Guru

0 Komentar:
Posting Komentar
Berlangganan Posting Komentar [Atom]
<< Beranda